Kamis, 20 Maret 2014

Rembulan sakwaliking Gumuk

Nalika pathet wus ngancik Manyura
Kekesing maruta bangun esuk kang miyak sepining panggantha
Ing netra mung kadulu sunare Hyang Rawi ing sawalike gumuk

Larasnya winalik Barang
Asung usada kang nedheng kapang
Lintang-lintang sumawur ing tawang padha ilang
Liringnya esemu kalingseman

Dhuh........, Sitoresmi kang manjer kawuryan
Dak sampirake pangajab, gegayuhan lan pepinginan ing cahyamu
Reroncening panggantha, lawan bundhelaning rasa wus dak cancang ing sorotmu
Gondhelana nganggo endahing sunarmu

Aja nganti luput
Aja nganti mrucut
Rakitaning panggantha panguwuhing rasa
Dhadhungana nganggo prasapa lan talenana nganggo prasetya

Rembulanku......
Sorotmu kejeting jantungku
Sunarmu laksitaku
Cahyamu pituduhku



SALA, Sukra Langking 19 Jumadilawal 1947Alip

Minggu, 16 Maret 2014

Pisungsung Untuk Pawiyatan Tempatku Menimba Ilmu

Anyarkara kinarya sesulih
Ngonjukaken kang pudya astawa
Mugi slamet sakabehe
Kang pawiyatan luhur
Ngayubagya kang ambal warsi
Ing pananggalan Jawa
Kaping sanganipun
Ing wulan jumadilawal
Sabda suci kang wiwaraning panunggil
Alip mangsa kasanga

Duk manurat ing Respati Manis
Kawi papat gangsal kirang tiga
Minangka atur sulihe
Ping tigang dasa wolu
Pawiyatan luhur sayekti
Kang lagya ambal warsa
Wulan maret ipun
Nggula wenthah pra satriya
Anglahirken sarjana sujaneng budi
Dadya janma utama

Datan kendhat neter lan anjedhi
Para mudha panyambung sujarah
Hambeg luhur bebudene
Pinayungan Hyang Agung
Sedyanira kang tanggap warsi
Sajroning pawiyatan
Samya manggih hayu
Pra sarjana kang piguna
Tumprap pembangunan raharjaning nagri
Tan mungkur ing bebaya


Andherek mangayu bagya
Pawiyatan luhur lagya mengeti
Yuswa tigang dasa wolu
Mugya antuk raharja
Mahasiswa dadi janma budi luhur
Sembada ingkang sinedya
Ngesthi luhur mbangun nagri



Garwa nata ing Ngawangga
Hambeg luhur budaya uga den kanthi
Sarjana samya misuwur
Kalokeng sanagara
U eN eS sasana puruhitanipun
Kehing kawruh kautaman
Kajiwa lulusanneki

Kasmaran gantya winarni
Angajab mugya widada
Sembada dadi sedyane
Ingkang lagya tanggap warsa
Sasana puruhita
Kaping tigang dasa wolu
Sami manggiha raharja

Roning kamal winursita
Ngayu bagya ambal warsi
Mugi antuka raharja
Pinayungan dening gusti
Nggegulang lan anjedhi
Pra sarjana budi luhur
Kanggo mbangun Negara
Nora tumindak korupsi
Pawiyatan luhur U eN eS raharja

ISLAM yang mBalung Sungsum di Tanah Jawa



Saranane wong yun luhung
Betah lapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wacana kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
(dikutip dari Serat Wulang Punggawa)

aja turu sore kaki
ana dewa nganglang jagad
nyangking bokor kencanane
isine donga tetulak
sandhang kalawan pangan
ya iku bageanipun
wong melek sabar narima
(entah dari serat apa, namun syair ini cukup populer dikalangan masyarakat jawa)

Begitu melekatnya di telinga saya sejak kecil. Ketika dipangku kakek saya dengan mendengarkan klenengan di radio. Sembari berbaring di pangkuan kakek, beliau berpesan kepada saya,”le, wiwit biyen nalika aku isih dimong karo mbah yut mu. Mbah kung iki diutus sregep nglakoni. Ya pasa, ya melek, lan sakpiturute. Uwong kuwi yen sregep lelaku, iku ana guna paedahe. Mupangate iku bisa dirasakake diri pribadi lahir tumekan batin, uga bisa sumrambah marang kulawarga lan anak turune.”
Sejak dahulu, kakek saya mendapat wejangan dari leluhurnya hanya dari sebuah karya-karya para winasis dan pujangga keraton.

Entah mau disebut dengan istilah apa, namun beliau itu mengimani Agama yang dibawa oleh Rasulullah SAW. Akan tetapi, ketika beliau melakukan amalan seperti halnya; puasa di hari kelahirannya (wetonan), puasa pada hari Senin Kamis,  hanya bersumber dari pitutur para winasis dan leluhurnya. Bahkan beliau juga pernah mengatakan bahwa,”Kanjeng Nabi kuwi uga masani dina klairane, mula prayogane, jejere awakke dhewe iki dadi umate Kanjeng Nabi rak ya niru sakbisa-bisane ta le….???”.  Itupun beliau peroleh  hanya dari tutur kata orang-orang terdahulu.

Beliau lahir bukan dari kalangan santri ataupun piyayi, tidak menutup kemungkinan jika beliau tidak mengenal dalil dengan bahasa Arab yang fasih. Hanya berlandaskan pada iman dan keyakinan bahwa Gusti Allah iku asipat Maha Welas Asih. Bukan hanya satu dua masyarakat jawa melaksanakan laku tirakat yang dilandaskan dari pitutur para leluhurnya. Padahal banyak amalan Masyarakat Jawa yang bernafaskan Islam.
Misal, puasa di hari Senin dan Kamis itu, Rasulullah pun bersabda:
تعرض الأعمال يوم الاثنين والخميس، فأحب أن يعرض عملي وأنا صائم
Artinya : “(pahala) Amalan di angkat pada hari senin dan kamis, maka aku menyukai jika ketika amalanku di angkat aku dalam keadaan berpuasa.” (HR At-Tirmidzi dan Ibnu Majah)

عن عائشة ـ رضي الله عنها ـ أن النبي صلى الله عليه وسلم كان يتحرى صيام الاثنين والخميس

Artinya : “Dari ‘Aisyah -radhiallahu ‘anha- : bahwa Nabi -sholallahu ‘alaihi wasallam- sering melakukan puasa senin dan kamis.” (HR Ibnu Majah, At-Tirmidzi dan An-Nasai)
Bahkan amalan orang jawa yang berpuasa pada hari lahirnya (wetonan) itupun juga meniru Rasulullah yang selalu berpuasa di hari kelahiran beliau. Yang diriwayatkan ketika beliau ditanya ketika beliau berpuasa, khususnya di hari Senin.

ذاك يوم وُلدتُ فيه وأُنزلَ عليَّ فيه

Artinya : “Hari itu aku di lahirkan dan pada hari itu (pula) wahyu di turunkan kepadaku.” (HR Muslim).
Saya juga teringat ketika beliau juga pernah berpesan,”Ngger, jejere dadi wong Jawa kuwi kudu sregep laku prihatin, tarak brata, sesirih, lsp. Iku kabeh wus dadi adat kapitayane wong Jawa wiwit jaman biyen. Luwih-luwih yen pasa wetonan, sak bisa-bisane aja kok tinggalake. Kuwi agung sawabe tumrap pribadimu. Bisa nyaketake sihing Pengeran. Lan uga, kerepa dana weweh kanthi lambaran rasa iklas lillahitangala”. Sampai saya duduk di bangku kuliahpun saya masih teringat, seakan-akan masih melekat di telinga saya. Saya menimba ilmu di bangku kuliah mengambil Jurusan Sastra Jawa. Disaat saya merasa rindu pada keluarga di rumah dan teringat pesan kakek diatas, untuk pelipur lara dan untuk mempermudah saya mengingat pesan beliau, sayapun membuat syair tembang Dhandhanggula;
Lamun sira kersa hangleluri
Pitungkase kang para nimpuna
Pranyata agung sawabe
Lamun pinuju dalu
Saben ari wiyosan neki
Prayoga lakonnana
Sawengi ywa turu
Ing siyang asung sidhekah
Marang pekir lan uga marang wong miskin
Kajat muga kabula
Suatu kenikmatan dan keindahan dari Tuhan yang tak terhingga jumlah maupun nilainya. Saya dilahirkan di Tanah Jawa, hidup tumbuh besar di Tanah Jawa, berkebudayaan Jawa, beragama Islam yang dibawa oleh Kanjeg Nabi Muhammad SAW. Bahkan Jawa yang saya kenal sampai sekarang adalah Jawa yang sudah mbalung sungsum dengan Islam. Sungguh sangat merugi bila kita selalu bengkerengan dengan saudara sendiri. Bagi saya, perbedaan, keaneka ragaman, varian, dsb merupakan sebuah kenikmatan dan keindahan dari Allah yang dikaruniakan di bumi Jawa ini.
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ
Maka nikmat Tuhanmu manakah yang kamu dustakan?
Berkali-kali ayat itu diulang dalam Surat Ar-Rahman. Sungguh kita diberi banyak kenikmatan dalam hidup di tanah Jawa. Seyogyanya kita itu belajar mensyukuri atas segala nikmat yang dikaruniakan-Nya. Dan pandai-pandailah mensyukuri nikmat-Nya.
Semoga bermanfaat dan barokah.
Rahayu………..